NASKAH DRAMA CALON ARANG (ADEGAN 6)
May 12, 2017NASKAH DRAMA “TELUH BROJO RONDO GIRAH”
(ADEGAN 6)
Karya: Agus Widodo
ADEGAN
VI
Adi Retno Manggali mbok yo mesem sitik to..
5. Retno Manggali : Kakang ono sajeroning atiku amung ono Kakang Joko Bahula.
6. J. Bahula : “Amung ati pawitane....”
Adi Retno Manggali apata sing ndadekake tumibane luh ana pipimu wong ayu..
7. Retno Manggali : Kakang Joko Bahula...menapa kakang sampun supen kaliyan Retno Manggali.
8. J. Bahula : Adi Retno Manggali ya merga kakang akeh jejibahan ana praja Kahuripan sing kudu bisa dak rampubgi....uga tekaku rene iki ana saperlu karo sliramu ogo karo biyungmu.
9. Retno Manggali : Bab apa kakang ?
10. J. Bahula : Sepisan kakang nduweni kekarepan urip sesanding karo Adi Retno Manggali.
11. Retno Manggali : Bener kuwi kakang ?
12. J. Bahula : Bener Adi Retno Manggali.
13. Retno Manggali : Tenan kuwi kakang ???
14. J. Bahula : Tenan wong ayu, suwerrrrrrr.....!!!
15. Retno Manggali : Banjur sing angka loro apa kakang ??
16. J. Bahula : Ya bab biyungmu, ya anggone nyebar teluh nganti ndadekake pangorbanan.
17. Retno Manggali : Banjur aku kudu piye kakang ??
18. J. Bahula : Ngene adi Retno Manggali, biyungmu lak duwe pusaka sing aran sempalan kitab Tri Wedha ta ?? Coba kakang arep nyilih sadela wae.
19. Retno Manggali : Kakang Joko Bahula... yen wis kakang ampil kitabe biyung, kakang banjur lali marang Retno Manggali.
20. J. Bahula : Ora....ora adi yen ora percoyo bukaken dadaku.
21. Retno Manggali : Iya kakang, tak jupukne dhisik kitabe biyung. Iki kakang kitabe biyung.
22. J. Bahula : Adi yen ngono kitab iki dak silih sawetara, gek aku tak enggal bali matur marang bapaku ben ndang enggal nglamar adi.....
23. Retno Manggali : Iya....iya kakang....
24. Calon Arang : Retno Manggali..........Retno Manggali........Manggali..!!!!! Sapa sing lagi teka ana papan kene ?
25. Retno Manggali : Ora ana sapa-sapa kok biyung.
26. Calon Arang : Piye ??? Ora ana manungsa rene ?? Kurang ajar kowe Retno Manggali.....(Biyunge banjur mlebu maneh soko jero bengak-bengok. “Lhooo....kitabku...kitabku....ilang...piye iki...piye iki...!!! Manggali.....Manggali kitabku ilang Manggali....( Calon Arang ngamuk ora karuan ngasi panggonan sing digawe pamujan di orat arit, ana nduwur pamujan). Manggali......!!! Kowe ora bisa ngapusi marang biyungmu, sapa pawongan sing mrene Manggali ?
27. Retno Manggali : Biyung...Manggali salah biyung....
28. Calon Arang : Sapa sing mrene Manggali ??!!!
29. Retno Manggali : Kakang Joko Bahula.
30. Calon Arang : Apa ??!!!! Joko Bahula anake Empu Baradhah ???!!! Terus kitabe biyung ??
31. Retno Manggali : Aja nesu yo biyung, kakang Joko Bahula nyilih kitabe biyung.
32. Calon Arang : Piye !!!! Mbok wulungke ??
33. Retno Manggali : Iyo biyung, jarene mung nyilih sedela.
34. Calon Arang : Setan kowe Manggali..!!!! Kowe mestine ngerti yen pusoko kuwi padha karo nyawane biyung. Kebangetan kowe Manggali....!!! Manggali yen ngono kowe wis ora tresna marang biyungmu, timbang urip mung dedawa wirang, sadurunge aku mati luwih becik kowe tak sampurnakake Manggali.....hiaatttttt......!!!!
35. Retno Manggali : Biyung..... Manggali nyuwun ngapuro biyung.........
36. M. Baradhah : Mandek Nyai....
36. Calon Arang : Bangsat kowe kang !! Apa perlumu kowe teka ing papan padhepokanku.
37. M. Baradhah : Nyai tekaku rene yo mung arep tilik keslametan kluargamu, angko loro atiku kok kroso ora kepenak, jebul meh wae kedadeyan raja pati, layak wong ndesa pada kena pegebluk lawong tuwane dewe tega mateni anake dewe.
38. Calon Arang : Kakang empu Baradhah, kabeh mau ora dak selaki, pancen wis dak sengaja jalaran saka laraning atiku.
39. M. Baradhah : Nyi...mbok yo wis anggonmu nebar teluh marang kawula sing ora ngerti apa-apa, mengko aku sing nyuwunake pangapura marang Gusti Prabu Erlangga.
40. Calon Arang : Piye kakang ???? Nyuwun nake ngapura ??? Ora sudi aku jaluk ngapura marang dapure Erlangga. Bojoku mati sapa sing dilabuhi, banjur endi janjine, anakku nganti dadi prawan kasep ya mergo janji Erlangga semono atiku lara kang...
41. M. Baradhah : Nyi.... aku ngerti saka behing lelakonmu, jane-jane....
42. Calon Arang : Cukup kang !!! Kowe teka ing papan kene ora gawe pepadhange swasana, malah dadi pepalang.
43. M. Baradhah : Karepmu iki piye ni ????
44. Calon Arang : Cekek cukupe yen sang Prabu ora sido ngabari anakku, paraja Kahuripan bakal dan gawe karang abang.
45. M. Baradhah : Wehh...lha ora kene dibeciki wong iki.
46. Calon Arang : Ha..ha...ha...ha...ha.....kang, samono ugo, kowe dak anggep pepalang kudu dak sernake. Tampanana kang, hhhhhiaaaaatttttttttttttttt !!!!!
47.M. Baradhah : Aaaaahhh!! Nya..Nyai, iki sing mungkasi lelakonmu....
48. Calon Arang : Aduuuuuuuuhhhhhhhhh.........!!!!
49. Retno Manggali : Biyuuuuuuuunggggggggg.............!!!!!
50. M.Baradhah : Duh Gusti Hyang Widi Wase, kula nyuwun pangapura, ingkang sampun nglampahi pepejah
51. Calon Arang : Kang tulung aku jalukno pangapuro marang wong wong sing tak gawe lara, uga aku jalukna pangapura marang Prabu Erlangga.
52. M.Baradhah : Iyo nyai, iyo.. Bakal tak suwunake pangapura marang sang Prabu Erlangga
53. Calon Arang : Manggali biyung wes ora kuwat. Kang aku titip aaa….. (mati)
54. Retno Manggali: Biyuuuuuuuuuuuuung!!!! Ojo ninggalke Manggali Biyuuuung.....
55. Mpu Baradhah : Duh sinuwun kepeksa damel pepejah sinuwun.
56. Erlangga : Inggih, inggih Mpu Baradhah mboten dados punapa awit Calon Arang dados sukertaning Praja Kahuripan. Marang Siro Joko Bahula lan nini Retno Manggali, gedhe darma nira mungguhing praja Kahuripan. Kanggo tandha, panarimaningsun marang siro, besuk dhedhaupaniro ingsun pangku ing Praja Kahuripan.
1. Retno Manggali :
Duh Gusti Hyang Widiwase kula nyuwun pangayoman, mugi-mugi biyung kula kaparingan pepadhang wangsul dateng margi ingkang leres. Duh Gusti, kenging
menapa kakang Joko Bahula sampun dangu kakang mboten tindak dateng mriki
pawartanipun gusti
2. J. Bahula :Adi Retno
Manggali
3. Retno Manggali : Oh.... Kakang Joko Bahula.............
4. J. Bahula :
(Nembang)
Gegaraning
wong akrami
Dudu bandha
dudu rupaAdi Retno Manggali mbok yo mesem sitik to..

***SELESAI***
0 comments