NASKAH DRAMA CALON ARANG (Adegan 2 - 3)
May 12, 2017NASKAH DRAMA “TELUH BROJO RONDO GIRAH”
(ADEGAN 2-3)
Karya: Agus Widodo
ADEGAN II
Ana Sakpinggire Deso Wong Wadon Leren
Ngedukake Gendongane, Godhong Jati Sing Arep Digawa Menyang Pasar Kahuripan,
Oncor Disendekake Karo Leren Ngombe Banyu Kendi.
1.
Lek Sami :
Yu …… leren didik… mengko sedeng padhang lak wis teka menyang pasar kahuripan……
2.
Yu Cikrak :
Iyo lek, aku uga kesel…
3.
Lek Sami : Yu, aku ngelak gowo banyu pora ?
4.
Yu
Cikrak : Iyo, ki lek.
5.
Yu
Karti : Kene lek gantian,
aku yo ngelak.
6.
Yu Cikrak :
Wis pirang-pirang dino iki rasane atiku angger bengi ora kepenak…
7.
Yu Karti : Bener
kok yu aku yo ngunu, angger wanci bengi ana desaku karep banget ana suarane
wong wadon mgguyu ngakak…… medeni banget…
8.
Yu Cikrak :
Lo bener to… yen kabar seng tak tompo kabeh mau sumbere saka Nyai Girah.
9.
Lek Sami : Huss…… ! Ojo
banter-banter mbebayani. Yen nganti krunggu Nyai Girah bisa dadi gawe………
10.
Yu Cikrak :
yu …… kae…… suoro opo yu….. suara kae kaya moro rene yu……
11.
Caalon Arang : Ha..ha...ha.. (suara Calon Arang dari kejauhan)
12.
Lek Sami :
Wis gak usah rame……patenono oncormu kuwi, ayo ndelik ana grumbul……………
Calon arang lewat karo anak buah’e
13.
Calon Arang :
Ha…ha………ha……ha
He …… wong –wong kabeh
ing tlatah kahuripan mongso ngertio yen kowe kabeh dak gae kisruh……… ayo…Alok
kelangan yen kluargamu ketemon pagebling ……ha………ha………ha
ADEGAN III
Lek
Sami karo kancane metu saka grumbulan sawise Nyai Girah lewat. Ora ket suwe
krungu kentong titik………(tulung….tulung……tulung)
1.
Rakyat : Yu……… Tulung yu………kae……kae……keluargaku pada lara ndadak
piye yu……
2.
Rakyat : Tulung lik bojoku
muntah getih…… tulung lik……
3.
Lek Sami : Iyo lik … sabar tak
tulungi ……
4.
Rakyat :
Piye aku iso sabar to yu, lek...
Keluargaku ora salah opo-opo dadi korbane Nyai Girah.
5.
Lek
Sami : Lek sarehne kahanan
e koyo ngene becik e diwurungne disik anggon kita didolan godhong jati menyang
pasar, beik e ayo pambiyantu marang wong
–wong kang kena pagebluk.
6.
Yu Karti :
Iyo yu… awakmu tetulungan marang kang kena pagebluk, aku lank owe yu lapor ana
ngerso dalem sinawungan Prabu Erlangga.
7.
Lek Sami : Iyo yu… Ayo budal……
INI SALAH SATU ADEGAN DRAMA CALON ARANG
BAGIAN KE-2
*BERSAMBUNG*
0 comments