NASKAH DRAMA CALON ARANG (Adegan 1)
May 12, 2017NASKAH DRAMA “TELUH BROJO RONDO GIRAH”
(ADEGAN 1)
Karya: Agus Widodo
Nini dan Kang Mbok |
ADEGAN I
Ing
padepokane Rondo Girah, anak buahe wis pada nyiapake sesajen kang bakal
diperloake Nyai Girah kanggo upacara Teluh.
1.
Nini : Kakang, aku rasane ora krasan maneh ana
padhepokan kene.
Jalaran yen tak rasak-rasakke soyo suwe malah nambahi doso.
2.
Kang mbok : Nini ojo
banter-banter mengko nek nyai krungu.
3.
Nini :
Kang … cobo kae sawangen jerit tangis kawulo
cilik seng ora ngerti doso, esok loro sore mati, sore loro esok mati , mulo
soko kuwi kang lila nana aku bali kang…
4.
Kang mbok :
Nini sing sabar,
sing sabar nini. Eling nini marang sumpah`e awak`e dewe marang nyai
Girah.
5.
Nini : Aku wes ora kerasan
kang mbok ana padepokan kene!
6.
Kang
mbok : Elengo, sak
suwene awake dewe ana padhepokane Nyai Girah,
opo-opo sing awake dewe perlokake dituruti marang Nyai
Girah. Sepisan
maneh ojo banter-banter nini, mengko yen Nyai Girah krungu biso dadi gae.
7.
Nini : Tapi kang mbok.....
8.
Calon Arang :Hem
… piye? Kowe… kowe kabeh arep ninggalke
padepokan kene ha……ha……ha……
Biyen kepriye, sumpahmu
marang aku.?
Kowe arep nglanggar
marang janjimu . elenga suk sopo wae seng podo cumondhok ana padepokan kene
ateges wea nyawiji karo reh parentahku……ngerti……?
9.
Kang mbok : Inggih nyai… kulo manut mituture printah
ndika nyai…
10.
Calon Arang :
Suk sopo wae seng ora kuwat utowo ora
serujuk karo niat
soko
wit…
Yen arep minggat,
minggato yeng ora dadi bangke…
11.
Koor :
Mboten nyai…
12.
Nini :
Pangapunten kulo nyai… pangapunten kulo
nyai…
13.
Calon
Arang : Kowe
kabeh ora usah wedi… aku seng bakal ngayomi kowe kabeh ora prabu Erlangga,
salah sawijine sing pangayoman sing kondhang, nanging cidro ing janji.
Biyen sang prabu nate
janji, sopo wae kang biso nyirep kraman kang dipandengani dening begal kecu ing
tlatah blitar bakal dibayar emas picis lan yen wadon bakal dipundhut garwa,
nanging… Endi nyatane, bojoku mati ing palangan, nglayat wae ora, mulo soko
kuwi sang prabu, aku Nyai Girah nagih
janji…
Para kawulo kabeh…
14.
Koor :
Inggih Nyai
15.
Calon Arang :
Apa wes mbok siapake, ubi rampen seng tak
perloake…
16.
Kang mbok :
Sampun Nyai ne…
17.
Calon Arang :
Yen mengkono, ayo paring sesaji maring
ibu betaridorgaloka
18.
Koor : Inggih nyai…
19.
Calon Arang :
Prabu Erlangga aja alok kelangan yen kawulomu padha loro tumekaning pati, iki
minongko piwalesku marang sira kang nyidra ing janji Prabu Erlangga.
Kahuripan……Kahuripan……
ha……ha……ha……ha……
IBU BETARI DURGALOKA
Kulo nyuwun sabiyantu
panjenengan ibu
Kulo nyuwun sambiyatu
panjenengan ibu
Kulo nyuwun sabiyantu
panjenengan ibu
Ibu betari durgaloka
Ibu betari durgaloka
Ibu betari durgaloka
Ha……ha……ha……ha………
Ha……ha……ha……ha…………
20.
Retno Manggali :
Biyong
21.
Calon Arang :
Retno Manggali arep opo kowe tekan ano papan kene
22.
Retno Manggali :
Biyong…… Aja mbok teruske anggon Biyong nebar teloh
23.
Calon Arang :
Cukup Manggali…
24. Retno Manggali :
Ora Biyong… mesakke ake marang wong kang ora nduwe doso mbok katutake……
25.
Calon Arang :
Cukup Mangali……
Kowe
ora ngerti lara tiku manggali, Erlangga yo……
Erlangga
kudu nanggung dosane……… Kahuripan bakal tak obrak-abrik… Ha………ha……ha……
26.
Retno Manggali :
Ora Biyong……
27.
Calon Arang :
Apa Manggali… minggato kowe Manggali ……
28.
Retno Manggali :
Ora Biyong……
29.
Calon Arang : Minggato…kowe Manggali
Kowe
bocah wingi sore ngerti opo? Ayo sumingker…
30.
Retno Manggali :
Ora Biyong
31.
Calon Arang :
Piye……? Minggato Manggali…!!!!!
32.
Retno Manggali :
Biyong …… Biyong …… Biyong
33.
Calon
Arang : Poro
kawulaku kabeh, ayo tutno lakuku ngobrak-ngabrek Projo Kahuripan ha...ha...ha
INI SALAH SATU CUPLIKAN DRAMA CALON ARANG
BAGIAN PERTAMA
BAGIAN PERTAMA
*Bersambung*
0 comments