NASKAH DRAMA CALON ARANG (Adegan 4-5)
May 12, 2017NASKAH DRAMA TELUH BROJO RONDO GIRAH
(ADEGAN 4-5)
Karya: Agus Widodo
ADEGAN IV
Ana
sak ngarepe gapuro kadipaten yu Karti
karo lek SSami
diendek lakune karo ki Demang Prakosa.
1. Lek Sami : Wah kleresan den , kulo kaliyan lik Karti
bade lapor dating ngerso dalem prayoganipun kulo panjenengan teraken dating
ngerso dalem.
2.
Ki Demang : Arep lapor ana ngerso
dalem? Bab apa he……
3.
Yu Karti :
Nuwun sewu den, menapa panjenengan dereng
miring bab pagebluk, katah sanget kawulo alit kang nandang loro jalaran kenging
teluhing Nyai Girah.
4.
Ki Demang :
Kowe-kowe kabeh ora usah lancang, aku dadi Demang wae ora binggung
lapor ana ngarso dalem, kok kowe wong cilik oklak-aklik arep lanyap-lanyap neng
ngarso dalem.
5.
Lek Sami :
Kang ora ateges aku lancing nanging aku
ora mentolo krungu sambat penandage kawulo cilik.
6. Ki Demang :
Krungu karo aturku gak, bali wae, kowe
kuwi mung dapure kawulo cilik wis kana bali wae…………
Apa
kowe arep mirangke Demang Prakosa nemg ngarep e ngerso dslem dikiro Demang
Prakosa ora becus nandangi pakaryan koyo ngene wae…
7.
Yu Karti :
Nuwun sewu Ki Demang, ,Menawi
panjenangan anduweni jabatan demang ana praja kahuripan kudunne krunggu
lan bisa ngrasak ake panandange wong cilik, nengenake marang wong cilik sak
nduwur e kepentingane panjenengan piyambak, la koko malah enak kapi enak.
8.
Ki Demang :
Wis cekak e ora susah kakeyan omong,
Demang kok mbok guroni. Ayo bali!!!
Kowe arep mbalelo karo Demang Prakosa.
ADEGAN V
9.
Erlangga : Bapa Empu Baradhah lan siro Joko Bahula dateng ing manah kaget ndika,
kula nilar proja tanpa paring kabar sadereng ngipun.
54. Mpu Baradhah : Duh sinuwun… ndadosake cecangkrimane manah, panjenengan tilar projo
awit kathah sanget kawulo nandhang kasangsara.
55. Erlangga :
Bapa Empu Baradhah kulo aturi maspadakaken, projo kahuripan kathon peteng
ndedet lelimengan menawi nititik swasono ingkang kados mekanten menika tuwuh
raos sujono wonten penggalih kula lajeng wonten wahana menapa ing praja
kahuripan, Bapa.
56. M. Baradhah :
Leres menika sang Prabu boten nama mokal sang Prabu sedoyo kala wau polah
domelipun Nyai Rondho Girah.
57. Erlangga :
Randa Girah ? Dasaripun menapa Bapa.
58. M. Baradhah :
Dasaripun nagih janji bade paring bebingah.
59. Erlangga :
Nagih janji ?!
60. M. Baradhah :
Nuwun sewu sinuwun.
61. Erlangga :
Paring bebingah ? Paring bebingah dumateng sinten bapa ?
62. M. Baradhah :
Dateng warganipun ki pancola awujud mas picis, saha badhe ngramud yogane istri,
inggih menika nini Retno Manggali.
63. Erlangga :
Menawi mekanten kula sampun emut Bapa. Injih sak menika mboten wonten tiyang
ingkang kulo pidatos kajawi panjenengan Bapa Empu Baradhah, mila saking menika
Bapa, bab Rondho
Girah utawi Calon Arang kula pasrah aken dateng ndika.
64. M. Baradhah : Duh sinuwun… menawi dipun kepareng aken, kersanipun anak kulapun Joko
Bahula, awit Joko Bahula wonten sesambetan kaliyan Retno Manggali.
65. Erlangga :
Marang siro Joko Bahula.
66. J. Bahula :
Kula sinuwun.
67. Erlangga :
Siro paringi kuwajiban kang abot, ananging yen siro bisa ngentasi karyo ingsun
ganjar samurwate.
68. J. Bahula :
Duh sinuwun, wonten manah mboten wonten raos dhumawahing peparing gesang kulo
badhe kulo darmakaken dateng praja Kahuripan.
69. Erlangga :
Luhur temen bebudimu, gede panarimaku marang siro Joko Bahula. Monggo kulo
aturi paring dawuh dateng tole Joko Bahula. (Empu Baradhah bisiki Joko Bahula).
70. M. Baradhah : Ngestokaken dawuh sinuwun.
71. J. Bahula :
Sinuwun kula suwun berkah saha pangestu panjenengan ingkang kula suwun.
72. Erlangga :
Pangestunisun tampanana, Bapa Empu Baradhah kula suwun sampun negaken dateng
ingkang putra Bapa M. Baradhah Pasewakan saget bibaraken.
73. J. Bahula, M.
Baradhah : Ngestokaken sinuwun.
0 comments